Jualan Angin Surga
Senin, 3 November 2008 22:45:19 - oleh : redaksi
Semua mata tertuju ke wajah Pak Hansip yang sore itu terlihat suram. Memang bukan sekali dua wajah Pak Hansip suram seperti itu. Kebetulan tekstur wajahnya seperti itu sehingga meski dalam kondisi biasa, wajah Pak Hansip seperti orang bersedih. Namun bagi anggota komunitas jaga, Pak Hansip benar-benar disebut bermuram jika dahi atasnya membentuk lipatan dan dahi di antara kedua matanya menjadi tempat bertemu kedua ujung alis.
Itulah yang terjadi sore itu. ”Bojoku sambat duwik blonjo wis gak isok ditukokno opo-opo,” keluhnya.
”Yo gak mungkin se nek gak isok ditukokno opo-opo. Mosok ditukokno uyah sik gak isok?” goda Pak Becak.
”Rumangsamu aku sabendino dikongkon mangan karo uyah?” suara Pak Hansip meninggi menunjukkan termakan godaan Pak Becak.
”Yo terserah sampeyan…. Mbuh mangan karo uyah opo sego thok, iku lak keluarga sampeyan dewe a, duduk keluargaku.”
”Luwih apik sampeyan gak usah ngomong timbangane gelas iki tak sawatno sampeyan,” Pak Hansip semakin jengkel.
”Yo tak tampani supoyo gak sampek tibo. Soale nek tibo terus pecah, sampeyan mesti gak kuat nempui,” Pak Becak makin menjadi-jadi karena yakin Pak Hansip hanya menggertak.
Memang, Pak Hansip cuma menggertak karena dia tahu Pak Becak hanya sekadar menggoda meski dinilainya kelewatan. Sementara Mr Bond dan Pak Bengkel tersenyum melihat dua kolega tersebut. Tepatnya geli, karena melihat kedua kolega yang berusia setengah abad itu bergurau layaknya anak-anak.
”Wis Pak, ojok kebacut nek nggudo Pak Hansip. Sa’aken, bathuke tambah akeh garise iku lho,” kata Mr Bond kepada Pak Becak.
”Sakjane sing kebacut iku Pak Hansip. Mosok se, sing jenenge duwik kok gak isok ditukokno opo-opo gawe blonjo?” Pak Becak membela diri.
”Maksude iku, jaman saiki sing jenenge duwik tambah cilik nilaine. Paribasan, mbiyen sing jenenge duwik sewu wis oleh bayem sak unting. Tapi saiki, duwik sewu cumak oleh krupuk. Iku ae jumlahe oleh limo. Dadi bener opo sing diomongno Pak Hansip,” Pak Bengkel mencoba menjelaskan maksud Pa Hansip kepada Pak Becak.
”Yo ojok dibandingno jaman mbiyen karo saiki. Yok opo-yok opo regane barang-barang saiki luwih larang timbangane mbiyen soale rego BBM mundhak terus. Gak tau mudhun,” Pak Becak tetap ngotot. ”Endi onok sejarahe BBM mudhun. Sing sering mudhun iku yo cumak kathok sampean thok.”
”Kok isok mlayune mrono,” Pak Bengkel geleng-geleng kepala.
”Mari ngene Pak, pemerintah nggawe sejarah, ngedukno rego BBM,” sahut Mr Bond serius.
”Mari ngene….mari ngene, kapan iku? Koyok sampeyan gak weruh ae nek pemerintah hobi nyebul angin surgo.”
”Lho, mosok sampeyan gak percoyo karo Presiden? Wistalah entenono, paling telat taun 2009 rego BBM mudhun,” kata Mr Bond meyakinkan.
”Sampeyan iki koyok besane presiden ae. Ati-ati lho, besane presiden wis dadi tersangka,” Pak Bengkel menggoda Mr Bond.
”Iki duduk perkoro aku besane presiden opo gak, tapi mergo momen koyok ngene iki sing cocok gae dodolan angin surgo,” jawab Mr Bond.
”Masa’ala, presiden kula’an ndik endi kok sampek isok dodol angin surgo?” tanya Pak Hansip dengan lugunya.
”Ndik Mbok Jah sing mbukak kios ndik Pasar Kebalen,” Pak Becak menjawab sekenanya dan meneruskan pembicaraan terhadap Mr Bond, “Dasare opo sampeyan ngomong koyok ngono?”
”Dasare, presiden ik lak wong sing paling kuoso ndik negoro iki. Dadi sakjane wis ngerti kapan rego BBM didukno lan sak piro kekuatan pemerintah ngedukno rego BBM. Nek saiki sik durung didukno, mergo nunggu wektu sing pas gawe modal pilhan presiden 2009. Paham?”
Pak Becak dan Pak Bengkel mengangguk. Pak Hansip kemudian ikut menyusul mengangguk setelah melihat dua koleganya mengangguk.
”Tapi sakjane iki yo isok dadi bumerang. Nek sampek gak sido mudun rego BBM, rakat wis gak percoyo maneh. Soale janji ngedukno rego BBM wis kadung diomongno. Mosok yo mentolo presiden ndilat idune dewe sing wis kadung ditokno.”
”Hiii….., presiden kok kemproh. Ndilati idune dewe,” komentar Pak Hansip bergidik.
Mister Bond dan Pak Bengkel tersenyum melihat keluguan Pak Hansip yang memang tidak lulus SD. Sementara Pak Becak yang tidak tahan dengan keluguan Pak Hansip, dengan sedikit emosi bertanya, “Sakjane sampayen ngerti gak se karo sing diomongno iku maeng?”
Dengan ragu-ragu Pak Hansip menggeleng. (noordin djihad)