Atipura dan Atiwiyata
Senin, 8 Juni 2009 19:52:44 - oleh : redaksi - dilihat 56
Jagongan sore belum juga satu jam, piring di atas meja licin. Hanya tersisa rontokan tahu berontak, weci, dan ubi goreng, serta piring yang berminyak. Pak Bengkel yang merasa baru mengambil satu kudapan langsung melayangkan protes ke Pak Becak.
”Sampeyan iki kesurupan a, kok jajan ndik pring diamblasno kabeh?”
”Gak aku thok,” elak Pak Becak sambil menunjuk Pak Hansip, ”Masiyo wonge tuwek, mangane yo akeh.”
”Elingku aku cumak mangan papat,” Pak Hansip tidak terima, ganti menuduh Pak Becak. ”Yo sing biasa nggenjot iku sing ngentek-enteki.”
”Hallah..! panganan entek ae kok diributno. Sing jenenge panganan yo wis mestine dientekno,” lerai Mr Bond.
”Lho..., iku lho! Sing nduwe panganan ae gak rame, kok sampeyan athik protes barang,” Pak Becak merasa di atas angin.
”Tapi iku jenenge gak nduwe solidaritas. Egois! Nek pas soro ae, njaluk bantuan koncone. Tapi nek pas enak, koncone dilalekno,” Pak Bengkel masih protes dengan nada geram.
”Waduh, kemelipen, rek! Perkoro panganan sepele ae athik nyandak solidaritas,” ejek Pak Becak.
”Yo teko perkoro sepele, isok didelok wong iku termasuk egois opo gak.”
”Jarene kebersihan sebagian daripada iman...?” tanggap Pak Becak masih dengan nada santai.
”Tapi yo duduk mberseni panganan sing gawe koncone,” Mr Bond menyalahkan Pak Becak. ”Konteks kebersihan sebagian daripada iman iku maksude urip sakbendinane. Resi’an, gak kemproh!”
”Opo mau, Mister?” sela Pak Hansip sekaligus bertanya, ”Konteks?”
”Lak lali maneh...,” tegur Mr Bond sambil tersenyum. ”Wis engkuk ae tak jelasno.”
”Bener Mister. Sampeyan kandani wong egois siji iki,” dukung Pak Bengkel.
”Wis eruh, Mister!” seru Pak Becak. ”Padane arek cilik ae, athik diterangno maknane kebersihan daripada iman.”
”Tapi nek sampeyan gak dielingno, mesti laline,” Pak Hansip ikut-ikutan menyerang Pak Becak.
Tentu saja Pak Becak jengkel dikeroyok bertiga. Sebagai pelampiasan, PakHansip yang jadi sasaran kemarahan karena dianggap paling lemah. ”Sampeyan laopo melok-melok? Artine konteks ae durung ngerti, athik melok-melok ngomong.”
”Lha laopo sampeyan muring-muring?” Pak Hansip membela diri. ”Wong sing diomongno Mr Bond pancen bener, yo kudu didukung.”
”Mergo akeh wong-wong sing koyok Mr Bond, makane Malang oleh Adipura. Malah enem sekolah oleh Adiwiyata,” beber Pak Bengkel.
”Nek Adipura aku eruh. Tapi nek Adiwiyata, iku opo maneh?” Pak Hansip kembali menyela.
”Sik...siiiik, perlu dilurusno,” Mr Bond mengabaikan pertanyaan Pak Hansip. ”Aku resik-resik sekolah karo lingkungan sekitare iku duduk ngarepno Adipura, rek!”
”Yo pancen nyambut gawene. Wong Pak Bon!” Pak Becak menemukan momen tepat untuk membalas.
”Iku bener,” aku Mr Bond. ”Tapi sak liyane iku, aku isin dadi wong sing nduwe agomo tapi urip kemproh. Terus sing luwih penting maneh, liyane resik fisik, kudune resik atine nang Gusti Allah karo pepodo menungso. Dadi, habluminallah karo habluminannas-e dilakoni kabeh. Gak cumak salah siji.”
”Sampeyan koyok ustad ae,” olok Pak Becak.
”Lho, lak bener se?” tantang Mr Bond. ”Nek cumak resik fisike, paling-paling gak suwe. Wayahe mati, mayite yo digerogoti cacing sing kemproh mergo gak tau adus karo sikatan. Tapi nek atine sing resik, isok digowo sampek akherat. Itung-itung gawe ngeringano ndik neroko. Yo opo gak?”
”Sikta, artine Adiwiyata iku opo se?” Pak Hansip masih penasaran.
”Iki kaet mau lak ngributi Adiwiyata ae,” tegur Pak Bengkel.
”Tapi endi onok wong sing sempurna hambluminallah karo habluminannas-e liyane nabi?” ganti Pak Becak yang menantang.
”Sing penting lak usaha. Perkoro durung sempurna, iku urusane Gusti Allah. Nek atine resik, insya Allah, fisike yo resik. Minimal ngelakoni adus karo wudhu ping limo, wis lumayan lah. Tapi iku jareku lho yo. Nek sampeyan nduwe pendapat liyo, yo monggo.”
Pak Becak manggut-manggut sambil kepalanya ditundukkan. Tanpa diduga, tiba-tiba Pak Becak berteriak, ”Aku tak usul nang pemerintah supoyo sampeyan isok oleh penghargaan Atipura karo Atiwiyata!”
Ketiga koleganya saling berpandangan untuk mencari tahu maksud Pak Becak. ”Opo iku Atipura karo Atiwiyata?” Pak Bengkel seakan mewakili kedua koleganya.
”Penghargaan gawe wong-wong sing atine resik koyok Mr Bond,” jelas Pak Becak yang meski wajahnya terlihat serius namun tak dapat menyembunyikan kalau sedang menahan senyum.
”Ngenyeeeek.....!!!” sambut Mr Bond yang tak urung tersenyum dengan olokan Pak Becak. Bahkan senyumnya makin lebar ketika mendengar suara Pak Hansip. ”Opo se Adiwiyata iku?” (noordin djihad)